Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2022

otw sala

    Dino iki pengumuman lulusan sma-smk-ma nasional yo ndelalah aku pas gering (sikil ku keseleo pas bal-balan) banjur aku ra iso budal nang sekolahan, nang omah karo nunggu up date facebook ko konco-konco sekitaran jam 10 entok sms ko konco ku ngabari nek lulus spontan ae langsung sujut sukur, enek kabar nek rong minggu kas ko lulusan cah-cah arep ngenek ne perpisahan aku gor mbatin "rabakal teko aku..."  Pas dolanan facebook moro-moro ais-solo (arsenal indonesia supporter-solo) gawe status nek tanggal 24 arep ngenek ne kopdar (kopi darat) la iki aku kudu melu gen iso go alasan gak melu perpisahan tanggal 26 selama 2 minggu aku ngumpulne duit go nang solo yo gak gor duit tok tp yo enek beras "lahh kok beras..." fyi beras kanggo anak e petani iki dadi barang seng paling penak di dol misal we arep ps an gak dwe duit gari jipok beras 2kg trus bok gowo nang warung wes entok duit, singkat e sedino kas aku budal nang solo duit seng tak lumpuk ne gor 15ewu karo beras 4kg