otw sala

    Dino iki pengumuman lulusan sma-smk-ma nasional yo ndelalah aku pas gering (sikil ku keseleo pas bal-balan) banjur aku ra iso budal nang sekolahan, nang omah karo nunggu up date facebook ko konco-konco sekitaran jam 10 entok sms ko konco ku ngabari nek lulus spontan ae langsung sujut sukur, enek kabar nek rong minggu kas ko lulusan cah-cah arep ngenek ne perpisahan aku gor mbatin "rabakal teko aku..." 
Pas dolanan facebook moro-moro ais-solo (arsenal indonesia supporter-solo) gawe status nek tanggal 24 arep ngenek ne kopdar (kopi darat) la iki aku kudu melu gen iso go alasan gak melu perpisahan tanggal 26 selama 2 minggu aku ngumpulne duit go nang solo yo gak gor duit tok tp yo enek beras "lahh kok beras..."
fyi beras kanggo anak e petani iki dadi barang seng paling penak di dol misal we arep ps an gak dwe duit gari jipok beras 2kg trus bok gowo nang warung wes entok duit, singkat e sedino kas aku budal nang solo duit seng tak lumpuk ne gor 15ewu karo beras 4kg nek di dol gor 16ewu angep ae aku nyekel duit 30ewu masalah e duit 30ewu iki kanggo 5 dino (tanggal 23-27) 
Rincian otw solo
Bis andys kencana/gaya kerja 3ewu pp 6ewu
Bis sumber kencana/mira 6,5ewu pp 13ewu
Mangan 5 dino sisane
Nek tak pikir dana semono kwi podo ae ngerongi kuburanku dewe trus aku dolan-dolan nang stasiun walikukun golek info menowo enek spor gratisan, mben enek wong mudun ko sepor langsung tak takok i
fyi sekitar tahun 2012 wong-wong (ora penumpang,pedagang asongan) oleh keluyuran turut peron nek sak iki kan gor wong seng dwe tiket tok seng oleh mlebu peron.
Mben wong langsung tak takok i jawaban e macem-macem seng paling nyeneng ne iki gor iki, 
"mas soko ngendi mas..."
"ko jogja..."
"kene jogja bayar piro?..."
"aku ra mbayar, mben enek kondektur e aku ndelek nang kolah..."
"suwun mas infone..."
"lha we arepnyang ndi?..."
"ra nang ndi nang ndi mas..."


Komentar

Postingan populer dari blog ini

terminal gendingan

gg