gg

"sur we daftar sekolah nang ndi?..."
"nang aliyah ya..."
  
   Singkat e aku yo daftar nang aliyah, pas daftar ngasi tak cek dukumen e gor mastek ne nek surya yo daftar nangkono, alhamdulillah enek, 
   Pas dino kepisan mlebu tak mat-mat ke kok surya ra enek ngasi mos dino ke 3 yo tetep ra enek bocak e, mulih sekolah langsung tak sms trus wong e ngajak ketemunan nang ps an jam 2, aku langsung otw lokasi bak e surya wes nang kono.

"ya sorry ae we tak apusi jane aku gak sekolah aliyah tp sekolah ndoro..."
"bajilak lakok iso, lha we pora wes daftar nang aliyah to sur..."
"iyo nyat aku wes daftar nang aliyah tp ra taknyangi wi gor pengalihan gen awak e dewe gak sekolah bareng, wi rencana ne wong tuo ku..."
"lha sakah ku opo kok iso ngono..."
"jare wong tuo ku we ngekek i pengaruh buruk nang aku makane aku kon ngadohi kwe ya..."
"kwalek surr wkwkwk..."
"wkwkwkwk..."
 
 Bar mulih ko ps an pikiran ku tambah ngelu pengen ku aku metu ko aliyah trus pindah ndoro tp aku wes kadong tuku sragam aliyah semmm, sesok e pas mos dino terahir aku ra semangat blas yo bayang no we sekolah karo wong seng gak sak circle karo kwe mesti we yo mumet dewe, pas mulih moro-moro koco ku seng jeneng e darmawan marani aku trus tako surya.
"ya lha surya kae sekolah ngendi?..."
"ndoro wan..."
Darmawan iki yo kocone smp ne surya malah sak kelas jd wong e iki ngerti nek aku karo surya iki bolo plek ngasi di juluki busur (buya surya) pas mulih aku mampir gone pak sam tuku rokok ketengan trus tak rokok nang omah e darmawan pas lagi enak-enak e sebat moro-moro pak dene darmawan seng edan teko jeneng e pak kandar langsung njalok rokok ku yo langsung tak kek ne dari ribot, pas darmawan bar mangan wong e tak tawari dolan nang sragen tp wong e wegah jare arep melu seminar as sabil,
Barmulih ko omah e darmawan aku langsung mikir sesok kudu nang sragen dolan go nge fresh ne pikiran langsung aku buka atlas trus entok inspirasi nang sragen lewat kidol, isuk bar subuhan aku langsung nyepeda nang pertelon teretes trus sepedaku tak titip ne gone pak nalam trus langsung nunggu bis andys kencan arah ngerambe 

fyi bis andisy kencana dwe jurusan ngawi-sine, ra suwe leh ku nunggu moro-moro bis e ko lorr aku banjur numpak pas wi kisaran jam 5 isuk wajar nek jek peteng tp pas teko ngarambe yo wes padang ngetime lumayan suwe pas nang ngerambe tp bar wi lanjut teko pasar sine, teko pasar sine aku golek bis harta sanjaya bak e bis e wes budal arah sragen enek e neh ko jam 9 padahal iki jek jam setengah pitu yo terpaksa nunggu karo tuku rokok ketengan, ahir e teko bis e tp wes jam 9 luweh ra ndang budal-budal alesan e nunggu bis e kebak trus aku mbatin gak entok gon lungguh iki trus gandol iki ndelalah pas jam 10 kurang bis otw sragen trus aku gandul mburi karo kondektur e, 
fyi bis harta sanjaya jurusan sine-gemolong, jujur ae aku lagi pisan iki numpak bis harta sanjaya yo mbatin ko aku tersesat pogak iki moro-moro wes teko tunjungan lahh bak e lewat kene to trus aku jalok mudun ng mah abang kiro" jam setengah sewelas nang mah abang aku tuku gorengan maklum kaet isuk rong sarapan lanjut nyegat bis gaya kerja arah ngerambe
Ra suwe-suwe banget bis e teko ko kulon 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

terminal gendingan

otw sala